Putera Sultan Chuffi Ngelelana Teng Siti Jawi (Tanah Jawa) - Arsyafin Production

Putera Sultan Chuffi Ngelelana Teng Siti Jawi (Tanah Jawa)

 



 Tan ringkasahan panatagama pangandika laigéasta sejarah hing Cirebonan.

Sedéréngé ajaran Agama Islam mlajeng teng Tanah Jawa,  Tanah Jawa ngrupiaken tanah kang taksih rungked dumateng wana kang katah rawaé kang wonten toya saking pinggiré laut sareng dèrètan gunung kang taksih angker, singid miwa jahil.

Saweg jaman Nabi Isa AS, teng Tanah Jawi wonten setunggalèng tiyang/manungsa ingkang sakti mandraguna lan sampun gadah gelar Sanghiyang, kang saweg tetapa punapa puja semédi teng puncak salah setunggalèng gunung asmané Pendéta Bageral Banjir.

Tapaé Pendéta Bageral Banjir niku nyuwun teng Hiyang Tunggal, supados gadah ilmu Wijihing Srandil lan sempurnanèng urip.

Gangsal welas (15) naun Pendéta Bageral Banjir tetapa teng puncak gunung, dugi kang disuwun dikabulaken dumateng Hiyang Tunggal, lan sareng ngeragasukma ilmu wijihing srandil teng lebeté sang Pendéta Bageral Banjir dados piyambeké keatisen dugi kelenger mboten sadar piyambek.

Sareng kedadian niku mboten diuningi dumateng sang Pendéta piyambek, gunung tempat tetapaé dados  meletus, lan puncak gunungé mencelat dugi teng inggilé laut kambang kampul, mboten kelelep kados perau kènging ombak, lan Pendéta Bageral Banjir piyambek mèrad teng alam sanès. 

Pinten-pinten atus naun sesampuné kedadian niku, dugi salah setunggalèng Waliyullah Syèkh Nurjati nganggé milari panglinggihan kang pamungkas, sesampuné Syèkh Nurjati ningal Siti ingkang diédeké wonten teng inggilé toya lan oyeg mawon kados perau, dados piyambeké munajat maring Gusti Allah nyuwun ndadosaken Siti kang diédeké kados daratan teteg. 

Syèkh Nurjati niku Waliyullah ingkang luhur élmuné sareng weruh sedurungé winarah kang paningal jalma, piyambeké milih tempat niku nganggé mindelé sareng nganggé tafakur maring Gusti Allah SWT, supados angsal wangsit nganggé nyiaraken Agama Islam teng tanah Jawa.

 Piyambeké saweg khusu munajat maring Gusti Allah SWT, mireng kandahé wana saking wiwitan kang nyerios yèn Siti teng riku mbènjing dados pedukuhan pusat syiar Agama Islam, lan ajeng didugi’i dumateng para Wali-wali Allah saking negeri sanésé.

Selajengé Syèkh Nurjati nyukani aran pedukuhan niku Gunung Jati.

Selamié Syèkh Nurjati mindel teng Gunung Jati, ketingal soroting bumi, rumadep Tanah Jawa, wonten Nur ingkang mencorong teng panglinggihané lan Nur niku mencar dugi ketingal teng Negeri-negeri Islam sanésé.

Kawontenan kedadosan niku Wali-wali Allah saking negeri-negeri Islam sanésé urun rembug teng Tanah Suci Mekah.

Angsalé urun rembug niku nggih putera-puterané Sultan Chuffi saking Negeri Bagdad ingkang asmanipun Sayid Abdurrahman, Sayid Sarifudin,      Sayid Abdillah disukani prèntah kedah geguru lan ngebantu teng Syèkh Nurjati kang wonten teng Gunung Jati ingkang saweg syiar Agama Islam teng Tanah Jawa.

Sesampuné angsal réstu saking Kanjeng Ramané Sultan Chuffi, ketigang putera Negeri Bagdad niku pangkat teng Tanah Jawa nganggé segumpal Siti ingkang dipendet saking bukit Tursina saweg Nabi Musa AS angsal wahyu saking Allah SWT.

Dugié Sayid Abdurrahman, Sayid Syariffudin lan Sayid Abdullah saking negeri Bagdad teng Gunung Jati ditampi saé teng Syèkh Nurjati.

Selajengé Syèkh Nurjati nyukani élmu kejawèn sareng petata petiti teng Tanah Jawa utawinipun Siti Jawi teng tigang putera saking Negeri Bagdad.

Panatagama kang linggih hing Jawa negaraha miturut ramalan Syèkh Nurjati yèn ajaran Agama Islam mbènjing saged mlajeng teng Tanah Jawa, mengkin sesampuné lair setunggalèng putera saking Pajajaran.

Dados nganggé duginipun wektos niku Syèkh Nurjati nyukani uning teng ketigang putera Negeri Bagdad niku kang sampun dados muridé kedah ihtiar munajat dumateng Gusti Allah SWT, nggih Sayid Abdurrahman munajatipun teng Bukit Plangon, teras disukani gelar Pangèran Panjunan, kang maksadé PAN niku ngadep yèn JUNAN niku khusu.

Sayid Syariffudin supados mindel teng sebelah kidulé Gunung Jati sareng piyambeké disukani gelar Pangèran Kejaksan, kang maksadé KE niku bijaksana JAKSAN niku keadilan.

Nganggé Sayid Abdillah piyambeké kedah mindel teng Gunung Jati, teras disukani gelar Syèkh Datul Kahfi ingkang maksadé DATUL niku kang mindelé yèn KAHFI niku guha.

Sesampuné Syèkh Nurjati nyukani uning teng murid-muridé piyambeké munajat maring Gusti Allah SWT, piyambeké sirna saking ketigang muridé nanging piyambeké nitipaken Gunung Jati lan piyambeké pepajar teng Syèkh Datul Kahfi yèn piyambeké wonten mawon caket sareng Syèkh Datul Kahfi, Sira ya Isun, Isun ya Sira.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar