Saweg abad kawanwelas (14) teng Cerbon taksih ngrupiaken alas rungked, Siti ingkang katahé rawa-rawa kang katah toyaé.
Teng riku dèrèng wonten manungsa kang mindel, nanging sesampuné pinten-pinten naun dados teng tanah Cerbon sampun dirambah teng tiyang-tiyang saking negeri seberang.
Disebataken teng kitab Laigéasta, salah setunggaling Waliyullah saking negeri Cempa Malaka, kang asmanipun Syèkh Murshadatillah putera Syèkh Idhofi Mahdi, salah setunggalèng ulama ingkang luhurèng élmu nggih uga gadah keris pusaka waris saking Linggahiyang Raja Tanah Jawa.
Asringipun para Sultan lan para Raja dugi masyarakat teng negeri niku, ndugi’i teng mindelané nganggé nanggledaken perkawis kang mboten saged dilampahi piyambeké.
Sawijinèng dalu Syèkh Mursyahadatillah saweg khusu dumateng Allah SWT, mireng wisik kang nyerios yèn ajaran Islam kedah teng Tanah Jawa.
Wisikan niku disukani uning dumateng Kanjeng Ramané nggih Syèkh Idhofi Mahdi.
Sesampuné angsal réstu saking Kanjeng Ramané, piyambeké pangkat teng Tanah Jawa lan manggihi Syèkh Achmad Rohmatullah Waliyullah saking Negeri Mesir teng Ampèl Denta.
Selajengé manggihi Syèkh Dahtul Kahfi putera Sultan Chuffi saking Bagdad kang dugi sareng kalih (2) sedéréké Pangèran Panjunan lan Pangèran Kejaksan teng Gunung Jati.
Wanci niku Rahayat Siti Jawi taksih nganut ajaran Sanghiyang.
Dados nganggé mlajengé syiar Agama Islam, Syèkh Mursyahadatillah nyelamur dados biarawan lan ndugi’i (silaturahmi) Rahayat negeri niku sareng kang nyepeng wewengkon negeri.
Salah setunggalèng muridipun kang asmané Nyi Mas Rarasubangkrancang puterinipun Ki Ageng Tapa.
Syiar Islam kang dilampahi mlajeng lan angsal penganut saking Rahayat teng pundi-pundi.
Rahayat nyukani gelar teng Ulama kang wicaksana niku, gelaripun Syèkh Qora ingkang asalipun saking kecap “Quro” maksadé Ahli Ngaji.
Mlajengé syiar Agama Islam sampun mboten umpet-umpetan malih.
Syèkh Quro piyambek dikenal dados guru ngaji kang mindelé teng Pulau Kelapa, wilayahipun Negeri Pajajaran lan pedukuhan nganggé ngajaripun sampun dibangun Mesigit kang seniki dikenal dados Mesigit Astana Gunung Jati Cerbon.
Prabu Siliwangi wektos niku gadah wewengkon dados Raja di Raja ingkang koncara dados Raja ingkang sakti mandraguna lan wicaksana, piyambeké nganut Agama Sanghiyang ingkang taat.
Sesampuné mireng yèn Syèkh Quro nyiaraken Agama Islam, Sang Prabu dados merèntahaken Patihipun Tumenggung Argadwipa nganggé mbekta Syèkh Quro sareng murid-muridé teng Keraton Pajajaran.
Sang Prabu nyuwun Syèkh Quro mboten nyiaraken Agama Islam, nanging ditolak alus teng Syèkh Quro.
Dados Syèkh Quro sareng murid-muridé ditahan teng Keraton Pajajaran.
Nanging rupinipun Prabu Siliwangi gadah manah dumateng salah setunggalèng murid Syèkh Quro kang asmanipun Nyi Mas Rara Subangkrancang ingkang kemayu.
Kasmaranipun Sang Prabu Siliwangi dados mendet tindak ajeng ngelamar Nyi Mas Rara Subangkrancang.
Nanging sesampuné Sang Prabu ngajukaken lamaran, Puteri ayu niku nyuwun syarat mas kawinipun “Lintang Kerti Jèjèr Satus”.
Sejarah Cerbon sampun nyerat yèn Sang Prabu Siliwangi kedah angsal lintang kerti niku teng Negeri Mekah, maksadé lintang kerti ya tasbèh nganggé wirid.
Nyuwun arah saking Syèkh Quro, Sang Prabu pangkat teng Mekah sesampuné piyambeké ngerapal mantera kesakténé.
Teng Tanah Suci Mekah, Sang Prabu kepanggih sareng tiyang jaler sepah ingkang asmanipun Syèkh Maulana Zaffar Sidiq.
Prabu Siliwangi dumadakan kagèt, sesampuné asmanipun diuningi teng Syèkh Maulana Zaffar Sidiq.
Tiyang sepah niku purun ngebantu Sang Prabu milari lintang kerti jèjèr satus, nanging Sang Prabu kedah ngucap kalimat syahadat riyin.
Kecap kalimat syahadat ingkang dikocapaken teng Sang Prabu Siliwangi tulus lan maknanipun nggih nyekséni dumateng Allah cuman setunggal Tuhan kang kedah disembah lan Muhammad nggih niku utusan Allah.
Dados Sang Prabu tulus mlebet Agama Islam.
Sesampuné Sang Prabu Siliwangi nampi lintang kerti utawa tasbèh, saking ulama Mekah niku disukani uning dumateng ajaran Agama Islam kang seleresé.
Sesampuné Sang Prabu Siliwangi saking Mekah ajeng nikahaken Nyi Mas Rarasubangkrancang.
Upacara pernikahan niku dipingpin dumateng Syèkh Quro piyambek, lan disekséni para Ulama Ageng sanésé kang wonten teng Siti Jawi.
Datullah, Prabu Siliwangi nyukani uning dumateng rahayaté sareng para sesepuh keraton kedah mlebet Agama Islam.
Dados ajaran Agama Islam mlajeng teng Siti Jawi.
Saking Prabu Siliwangi niki mengkin nurunaken kalih putera, nggih niku Pangèran Cakrabuana lan Nyi Mas Rarasantang kang ngrupiaken Aki Buyut saking para Sultan Cerbon dugi sepriki.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar