Tan ringkasahan kersah ing pangandikaha Laigéasta sejarah ing cerbonan saking nikahé Prabu Siliwangi sareng Nyi Mas Subangkrancang disukani pecil kalih (2) istri sareng jaler disukani asma Pangèran Walangsungsang sareng Nyi Mas Rarasantang.
Sanésé Pangèran Walangsungsang, Prabu Siliwangi gadah putra saking garwahé nggih niku Nyi Mas Rara Tajar Yati kang asmanipun Pangèran Kiansantang.
Pangèran Walangsungsang Nyi Mas Rarasantang sing awit alit disukani ajaran Agama Islam dumateng Èyang Kakungé ngih niku Syèkh Quro.
Upami Pangèran Kiansantang diwuruk dumateng Èyang Kakungé piyambek Ki Hajar Yati sing awit alit dados kedah mboten kènging mlebet Agama Islam.
Sesampuné kawan (4) naun Prabu Siliwangi sareng Rahayaté mlebet Agama Islam.
Para Pinisepuh ingkang mboten seneng wontenipun Agama Islam teng negeri Pajajaran dados ngerongrong Prabu Siliwangi supados mboten mlebet malih Agama Islam.
Wauné Prabu Siliwangi mboten mirengaken kocapé para Pinisepuh negeri Pajajaran, nanging sesampuné Ki Majalaku ingkang dados penasèhat negeri nyukani saran sang Prabu ninggalaken Agama Isam lan wangsul malih teng Agama leluhuré.
Rahayat Pajajaran nyuwun Prabu Siliwangi ngangkat Pangèran Kiansantang dados Putra Mahkota.
Prabu Siliwangi mboten saged nolak Ki Majalaku ingkang manungsa Sanghiyang kang pangandika lan ramalanipun mboten pernah sirnahing patah, kebuktèn mawon.
Dadosé Prabu Siliwangi linggihang nata Agamaha wangsulaha jagat kang kawitan.
Sawijinèng dinten mboten urun rembug malih sareng Nyi Mas Rara Subangkrancang, Prabu Siliwangi ngumumaken teng Rahayaté yèn Agama Islam teng negeri Pajajaran dibubaraken lan Pangèran Kiansantang diangkat dados Putra Mahkota.
Pinten-pinten dinten sesampuné pembubaran Agama Islam teng negeri Pajajaran, Nyi Mas Rara Subangkrancang mboten pepajar malih teng laré jaler sareng laré istrié piyambeké medal saking Kraton Pajajaran.
Piyambeké sanès nyesel Putrané mboten diangkat dados Putra Mahkota, nanging piyambeké medal saking Kraton munajat dumateng gusti Allah SWT.
Munajatipun nyuwun dianugrahi keturunan ingkang wujud linggihinig tunggal sirnahing kang alaha tan madep miwitaha kang panutaha, munajat niku dugi teng ahiré jaman diijabah (mbènjing do’aé Nyi Mas Rara Subangkrancang diijabah sesampuné lair putuné kang disukani gelar Sunan Gunung Jati)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar